Jumat, 25 November 2011

Keindahan/estetika yang ada dalam karya sastra

1 komentar:

  1. Karya Sastra Estetika

    -Karya Sastra Estetika
    Estetika inggih punika aspek-aspek kaendahan ingkang wonten ing salebeting sastra. Aspek-aspek menika didominasi gaya bahasa. Aspek ingkang sanes ing wonten salebeting komposisi, supados keseimbangan susunan alenia, bab, lan subbab, keseimbangan dialog kalih improvisasi, nada lan irama cariyos ing salebeting dongeng. Saking fisik, aspek estetika jelas dipun tandai saking cover buku.

    Judul : Sinopsis Novel Serat Rijanta
    Tema : Novel Serat Rijanta bagian “Dados Penggalihan”

    Kacariyos, kala rumiyin ing nagari Surakarta wonten satunggiling priyantun luhur, asmanipun inggih menika Pangeran Natasewaya, kagungan putra namung satunggal jaler sakalangkung mursid, namanipun Raden Mas Riyanta, wiwit umur nem taun lajeng katilar seda ingkang rama, lastantun kaemong ingkang ibu wonten ing dalem Natasewaya.
    Sareng sampun umur pitung taun, Raden Mas Riyanta lajeng pisah kaliyan ingkang ibu, kasakolahaken wonten ing Semarang, tumut ingkang paman asmanipun Raden Mas Tandhawijaya, inggih punika sadherekipun enem Raden Ayu Natasewaya, wonten ing ngriku Raden Mas Riyanta katingal majeng pasinaonipun, amargi adhasar remen marsudi dhateng kawruh tuwin dhateng sadhengah kegungan, wondene ingkang dados kesenenganipun inggih punika anggambar mawi pulas, cet, tuwin sanes-sanesipun. Enggalipun sareng umur sekawan welas taun wanci angajengaken sunat, Raden Mas Riyanta lajeng wangsul dhateng ing Surakarta malih.
    Kacariyos, Raden Mas Riyanta sampun wanci jajaka, kala semanten lajeng remen anggugulang kekendelanipun, inggih punika lajeng remen lalana tindakan ing wanci dalu boten mawi kanthi, anjajah penggenan ingkang sepi-sepi, terkadhang anencem sarira wonten ing lepen-lepen, boten ketang sayah arip asrep sarta katisen, kondur saben sampun wanci byar enjing.
    Awit saking punika temah andadosaken rudatosing panggalihipun ingkang ibu, awit sumelang bokbilih ingkang putra kagungan tindak ingkang kirang prayogi, karana Raden Mas Riyanta sampun diwasa, tur sakalangkung ambesat ing warni, engga dados kikidunganipun para kenya, kathah para putri ingkang sami kasmaran. Mila Raden Mas Riyanta enggal tinantun krama dening ingkang ibu, nadyan karsanipun Raden Ayu wu babasan anggege mangsa, ing pamurih namung supados karahayonipun ingkang putra, sampun ngantos dados pucapan awon, jer ketang putra namung satunggal sampun tinilar ing rama, ananging kersanipun Raden Ayu wau temah dados sulaya kaliyan panggalihipun ingkang putra, wasana Raden Ayu ngantos judheg panggalihipun, saking pegeling galih, ingkang putra ngantos dipunkendelaken pisan.

    Pengarang : R.B. Soelardi

    1. Fakta ing cariyos:
    - Pilihan Bahasa : ngginakaken basa krama inggil
    - Amanah : yen ngelmu iku kalakone kanthi laku (ilmu itu tercapai karena usaha yang sungguh-sungguh dan tidak mudah putus asa), dadi wong ojo sombong
    - Tema : Novel Serat Rijanta bagian “Dados Penggalihan”
    - Judul : Novel Serat Rijanta
    2. Sarana Cariyos:
    - Alur : inggih punika alur campuran
    - Setting : ing dalem Natasewaya
    - Tokoh lan Watak :
    1.Pangeran Natasewaya : ramanipun Raden Mas Riyanta 2.Raden Mas Riyanta : putranipun Pangeran Natasewaya nggadahi watak sae, kendel, tanggeljawab, cerdas
    3.Raden Mas Tandhawijaya : paman Raden Mas Riyanta nggadahi watak sae lan becik
    4.Raden Ayu Natasewaya : nggadahi watak tanggeljawab marang Raden Mas Riyanta
    - Sudut Pandang : cariyos menika sedanten basane ngginakaken basa krama inggil, Raden Mas Riyanta pelaku utama
    - Latar Panggenan : Surakarta (dalemipun Raden Mas Riyanta), Semarang (nalika Raden Mas Riyanta tumut kaliyan paman)

    BalasHapus