Minggu, 08 Januari 2012

Wangsalan

1 komentar:

  1. Wangsalan
    Wangsalan inggih menika unen-unen wujud cangkriman kang dikantheni batangane pisan, sanajan batangan mau mung nrempet bae. Sing baku batangane, dudu cangkrimane. Batangan mau lumrahe isi piwulang. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang. Tuladha sing wujud ukara:
    1.Wangsalan ingkang madosi:
    1. reca kayu, goleka sabda rahayu. ( reca kayu = golekan)
    2. bayem arda, dhasar anteng tur jatmika (bayem arda = lanteng)
    3. kukus gantung, sawengan kang adi luhung. (kukus gantung = sawang)
    4. durna putra, ngudiya basa utama (durna putra = aswatan)
    5. gayung sumur, kewan gung granane dawa. aja kemba, mangesthi saliring karya. ( gayung sumur = timba; kewan gung granane dawa = esthi (gajah))
    6. bibis tasik, tasik manda winor tirta. maju mundur, tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik = undur undur, tasik manda winor tirta = parem)
    7.Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
    8.Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)
    9.Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
    10.Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
    (sêkar arèn = dangu).
    11.Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso.
    (roníng mlinjo = so - dadi ngaso).

    2.Wangsalan ingkang damel piyambak:
    - Ngêmbang kacang, yen mbesengut wajahmu ora ayu.
    (kêmbang kacang = bêsêngut - dadi mbêsêngut).
    -Kambing wana, bektia mring kadang wredha
    (Kambing wana=kidang dadi kadang)
    -Kambing balap, nyegaha hawa lan napsu
    (Kambing balap=asu dadi napsu)
    - Ngembang garut nggrêmêng sak karepe dewe
    (Ngembang garut gremeng dadi nggremeng)
    - Balung pakèl, aku seneng ndelok sing wajahe elok
    (Balung pakèl = pelok dadi elok)

    BalasHapus